Pudji Astuti - Sekretaris
Aku, Pudji Astuti, lulusan SMA 5 Malang sing saiki dadi Sekretaris Paguyuban Genaro Ngalam. Amanah iki pancen gak entheng blas, kadang yo marakno mumet, nanging karo semangat guyub lan gotong royong, kabeh tantangan iso luwih entheng. Wis 38 taun luwih dadi dosen Teknik Industri Universitas Trisakti, nggawe aku terbiasa ngadepi macem-macem karakter. Yo nek ono sing arep nyekolahno anak utawa putu, Trisakti wae rek, kampuse apik, dosené yo iso diajak guyon koyo aku iki!
Harapanku, Paguyuban iki tetep dadi omah kedua sing hangat, nguri-uri budaya, iso dadi ajang golek inspirasi, lan sing penting iso migunani kanggo awake dewe lan masyarakat, tetep gawe bangga dadi wong Malang nang rantau
Genaro Ngalam: Wong Malang ketemu, masalah lungo!
Genaro Ngalam: Ora mung paguyuban, iki panggonan dodolan guyon lan kenangan.